Sabtu, 03 Januari 2015

Sesaji Karaton Soerakarta


KAJABA nglestarekake upacara pokok cacah wolu, tumeka seprene ing Karaton Surakarta uga isih tinemu sawatara upacara-upacara liya. Lan tumrap karaton, sing jenenge upacara adat ngono mesthi ora ninggal sesaji.
Sesaji saka tembung sajen. Tegese barang –mligine arupa dhaharan– sing diladekake. Tujuane kang baku kanggo sarana nyuwun kaslametan kanthi cara nyelarasake hubungan jagad cilik-jagad gedhe (mikro-makrokosmos). Geseh ing antarane kekarone dipercaya bisa mahanani rasa nora tentrem. Karana kuwi sesaji uga asring katelah caos dhahar utawa wilujengan.
Ora mung ing karaton, sesaji uga isih ngrembaka ing masyarakat. Wiwit saka ningkahan, kelairan, sripah, ruwatan, adeg omah, wetonan, panen, sedhekah bumi, tekan merti desa kena dipesthekake nggunakake sesaji. Wujud sing disajekake maneka-werna, gumantung keperluane.
Ing karaton, jinise sajen kepara bisa ngancik atusan, pating clekunik diwadhahi takir gedhe-cilik. Sakehing sajen kang digawe mau racake ora enak dipangan, kayata cok bakal utawa gecok mentah lan sapanunggalane. Terkadhang sajen uga dikompliti dhaharan sing dadi karemane para nata swargi.
Wujud lan jinise sajen gumantung marang tujuan, panggonan, sarta sapa sing diwenehi. Saben upacara ritual beda sesajine. Mula, ora saben uwong bisa gawe. Saupama ana, regenerasine uga klebu rekasa, awit banget mbutuhake ketlatenan, ketrampilan, keprigelan carane ngolah, sarta isih ketambahan kudu setiti. Ing Karaton Surakarta ayahan mligi iki katindakake dening abdi dalem Gandarasa.
Ritus sesaji ing karaton intine kaperang dadi rong golonan. Sesaji pepak ageng lan pepak alit. Sajen pepak ageng rupa sarta jinise dumadi saka ketan biru rinenggan enten-enten, sega putih, ingkung pitik bumbu areh, irisan timun, goreng dhele ireng, lombok ijo, brambang, uyah, tumpeng megono nganggo endhog sawiji, tumpeng asahan salawuhe kayadene ragi, tempe goreng, kripik paru, dhendheng sapi, sambel goreng ati, asem-asem, mihun goreng, krupuk urang, lan krupuk abang. Saben lawuh kawadhahan takir sudhi.
Sajen pepak alit arupa jajan pasar, gedhang raja utawa gedhang susu setangkap, irisan pohung, tela, tales, uwi, gembili, jenang abang-putih, jenang katul, ketan patang werna (abang, putih, ijo lan kuning) karenggan enten-enten, srabi putih gedhe-cilik, jongkong, hawug-hawug, gula jawa, sega tumpeng, sega golong sepasang, pitik goreng (perangan dhadha utawa pupu) pecel, jangan menir, jangan thokolan, sambel jenggot, lalapan godhong kemangi, gereh, tempe goreng, dhele goreng, sarta klasa bangka.
Becik sesaji pepak ageng utawa alit biasane dikompliti bekakak, tumpeng sewu, sarta bokor kanggo ngobong menyan madu utawa ratus wangi. Kajaba kuwi isih ketambahan ubarampe liyane sing ora nate keri yaiku dhuwit receh ing takir sudhi mligi. Werdine, yen salah siji utawa luwih jinise sajen ana sing tanpa disengaja kelalen ora digawe, para baureksaning karaton bisa tuku dhewe ing pasar gaib.
Akeh upacara karaton –saliyane upacara baku cacah wolu- kang mbutuhake sesaji mirunggan. Upacara-upacara kasebut antara liya labuhan, pengetan adeging nagari, ganti asma, ngesis ringgit, jamasan Kanjeng Nyai Setomi, lan gebyagan Bedhaya Ketawang.


LABUHAN

Labuhan mengku teges mindhah utawa mbuwang sakehing bab utawa daya-prabawa ala kang bisa nekakake brahala tumrap panguripane manungsa. Mula kuwi sing kudu dipindhah lan dibuwang bisa arupa barang kang maujud lan ora wujud.
Ritual labuhan wis ana wiwit jaman karaton-karaton Jawa kuna. Wiwit mangsane Karaton Mataram kang sabanjure dilestarekake tumeka seprene, upacara iki biasane katindakake nalika ana jumenengan nata, kepyakan pangeranpati, pikraman agung, sarta keperluan-keperluan liyane manut dhawuh dalem sinuhun.
Tumrap Karaton Surakarta ing antarane sawatara panggonan kanggo labuhan, kang wigati dhewe yakuwi Segara Kidul, Gunung Lawu, sarta Gunung Merapi. Dene labuhan ing Dlepih sarta kadhangkala ing Guwa Wedhusan dalah papan liyane mung dhapur pelengkap.


LABUHAN SEGARA KIDUL

Jaman para nata kawuri sadurunge labuhan katikatindakake ana Pesisir Kidul, para abdidalem sing kapatah merlokake nyekar pasareyane Panembahan Senapati ing Kutha Gedhe, makame Sultan Agung ing Imogiri, sarta leluhur liya kang sumare ing Girilaya lan Banyusumurup. Dene barang-barang sing dipisungsungake Kanjeng Ratu Kidul Kencanasari arupa salembar nyamping cindhe cemeng, nyamping pandhan surat ijem, nyamping limar wungu, nyamping solok abrit, solok kasar pangiring, nyamping bathik cangkring, nyamping lurik kepyur lan nyamping lurik tuluhwatu.
Kajaba iku uga semekan-semekan mlathi tepen, jingga byur, udaraga, banguntulak tepen, pandhan binethot lugas, gadhung mlathi lugas, podhang sinesep sari, banguntulak, lurik songer sarta semekan dringin. Katambahan panunggul kanigara, panunggul mathak, songsong gilap tis, menyan, lisah sepuh, konyoh, lan ratus wangi.
Barang-barang sing dilabuh kasebut diwadhahi dadi pirang-pirang pethi. Sawise donga diujubake abdidalem suranata, pethi kakentirake amrih kasaut alun tumuju tengah samodra. Manawa pethi ora bali minggir kesurung ombak, pratandha ketrima Kanjeng Ratu Kidul.
Nalika ana nata seda, sawatara tilas agemane katut dilabuh. Ing antarane arupa dhesthar wulung, sandhangan sasat dhampar patang pengadeg, singep pusaka dalem, panunggul mathak biru, songkok, panunggul cemeng tilas kanigara, lan songsong gilap.
Umume masyarakat nganggep kanjeng Ratu Kidul iku padha karo Nyai Rara Kidul. Tumrap karaton pangertene Kanjeng Ratu Kidul Kencanasari kuwi dudu mung panguwasa mistis Segara Kidul wae, nanging uga kang ngratoni pedhanyangan sa-Tanah Jawa. Dene Nyai Rara Kidul iku patihe.

LABUHAN ing Gunung Lawu dileksanakake ing Arga Dalem, sawijining petilasan wingit caket puncake gunung. Kang dilabuh nyamping limar ketangi, bathik cangkring, kampuh lurik poleng tumpal toyamas, sarta dhesthar jinggaloka. Uga paningset jinggaloka, gadhung mlathi, gadhung byur, paningset jambon, dringin, lurik songer, lan lurik tuluh watu. Ubarampe liyane rokok wangi, lisah sepuh, konyoh, menyan, ratus lan songsong pethak seret. Ujube kagem Kanjeng Sunan Lawu kanthi pangajab murih karaton lumebere rakyat tansah pinaringan rahayu kalis sawernaning bebendu.

LABUHAN MERAPI

Upacara iki katindakake ing sawijining patilasan karan Paseban. Barang lan ubarampe kang dilabuh sairip karo Labuhan Lawu. Bedane dhesthar kang kalabuh ing Merapi cakrike daramuluk, songsonge kuning seret. Ketambah ubarampe woh kambil watangan sengkelat wungu plisir ijo. Ujube kagem Kanjeng Ratu Sekar Kedhaton, Kyai Sapujagad, lan Raden Ringin Anom kang pinercaya mbaureksa Merapi.
Labuhan Segara Kidul, Lawu, sarta Merapi, njangkepi sesaji Maesa Lawung kang kalebu salah siji ing antarane upacara baku cacah wolu tumrap Karaton Surakarta. Samodra Kidul, trep karo arane, dumunung ing kidul Karaton Surakarta. Alas Krendhawahana ing elor, Merapi ana kulon, lan Gunung Lawu ing wetan. Kabeh mujudake unsur kekuatan alam ing keblat papat kang ngreksa kayuwanane karaton minangka pancer ing tengah.
Wiwit jaman kuna, konsep pajupat iki wis ana ing masyarakat, ing saben arah mata-angin dipercaya ana sing ngreksa, arupa wewujudan alam kang duwe daya magis. Sarana laku utawa upacara tinamtu sumber-sumber kekuatan mau bisa dialap sawabe.

LABUHAN DLEPIH

Labuhan ing Dlepih, Kecamatan Tirtamaya, Kabupaten Wonogiri katujokake marang Kyai lan Nyai Widanangga. Kang kalabuh nyamping limar wiyar, nyamping solok, nyamping lurik brekutut, nyamping bathik cangkring, semekan lurik songer, semekan dringin, menyan, lisah sepuh, konyoh, sarta ratus utawa dupa wangi.
Dlepih utawa Alas Kayangan iku petilasan pratapane Danang Sutawijaya nalika nggayuh wahyu karaton. Ing papan iki pepanggihane sepisanan karo Kanjeng Ratu Kidul Kencanasari. Ratu Kidul saguh ngewang-ewangi sauger putra Pemanahan iku kersa digarwa. Tembene Sutawijaya sawise babad Alas Mentaok nganti dadi negara Mataram, madeg nata jejuluk Panembahan Senapati nggenteni Karaton Pajang sasurute Sultan Adiwijaya.


GUWA WEDHUSAN

Sesaji ing Guwa Wedhusan, kalebu tlatah tlatah Bekonang, Kabupaten Sukoharjo, samengko wis arang katindakake. Nalika sugenge PB X tradhisi iki dilestarekake. Labuhan Guwa Wedhusan ujube kanggo Kyai Buto Ijo sarta Kyai Dhadhung Awuk. Kang dilabuh ing antarane kopi jenewer, lisah konyoh, rokok wangi, menyan, lan payung ijo seret.


KONSEP KAPERCAYAN

Sapa ta Sunan Lawu, Ratu Kidul, lan Kyai Sapujagad kuwi? Paraga-paraga mistis iki bener-bener nyata apa mung dhapur karangan? Kanggone karaton, uwal saka telaah utawa analisa moderen, paraga-paraga mau dipercaya ana. Sawarga Sinuhun PB XII nate ngendika, “Tumrapku pribadi, lelandhesan wecane leluhur sing daktampa, tokoh-tokoh mau mligine Kanjeng Ratu Kidul kuwi nyata, dudu mung mitos.”
Buktine nalika mengeti tingalan jumenengane, ana saweneh tamu Walanda sing nyoba ngrekam beksan Bedhaya Ketawang nganggo handycam. Sawatara sasi candhake, panjenengane antuk kiriman kaset video saka Walanda, “Bareng dakputer isine dudu beksa Bedhaya Ketawang, nanging aluning Samodra Kidul sing jumlegur tanpa kendhat,” ngendikane sawargi. Liwat layange marang Sinuhun, pawongan Landa kasebut uga nelakake gawoke ngalami kaelokan kasebut.
Sawargi HB IX, Sultan Ngayogyakarta, kepara nate sapatemon langsung kalawan Kanjeng Ratu Kidul, nadyan ora diblakakake ana ngendi. Ing buku Tahta Untuk Rakyat kanggo mengeti 70 yuswane, Sultan ngendikakake sawise sesirih panjenengane klakon dirawuhi paguwasa gaib Samodra Kidul kuwi. Kepriye wujude? Sultan paring gambaran, “Ngepasi rembulan nedhenge munggah, Eyang Ratu Kidul katon pindha kenya kang banget endah ing warna. Amung mbarengi mbulan wiwit ngglewang, wiwit malih saya sepuh.” Iku tegese pepanggihan antarane Sultan lan Ratu Kidul ora mung sakedhepan netra, ning cukup taneg, paling ora separo wengi.
Tekan seprene perbawane Kanjeng Ratu Kidul isih banget krasa ing bebrayan. Akeh adat utawa tradhisi ing masyarakat pesisir kidul wiwit saka Jawa Kulon tekan Wetan, ora uwal saka pengaruhe paraga mistis kasebut.
Warga Parangtritis percaya kanthi nyuntak banyu degan menyang segara ing sasi Sura, Ratu Kidul bakal suka kawilujengan, ngedohake saka bebendu lan pageblug. Adat iki ing kono disebut tulak balak. Ing Karangbolong, Kebumen, ngarepake panen susuh walet diadani upacara ngalap berkah, murih panene susuh becik lan para tukang ngundhuh kang mudhun liwat wot pring menyang guwa-guwa ing pereng-pereng karang padha slamet.
Ing pesisir papan wisata kabangun wewangunan sairip pendhapa kaca. Majang barang-barang kayata jarik bathik, slendhang, setagen, kacu, kaos, rasukan, udheng, lan sajinise. Jare penduduk iku pepenget marang pawongan sing wis kasil uripe, yen lali ngleksanani caos dhahar ngalap berkah, bisa nemahi musibah.
Kadang misaya mina ing Sukabumi, Cilacap, ing saben wektu tertamtu uga nganakake upacara ritual. Ing Jabar umume karan pesta laut, ing Jateng sedhekah laut. Ing Jatim, ing Munjungan, Trenggalek, ana adat longkangan minangka wujud syukure masyarakat marang Rara Putut sing manut kapercayan anak wuragile Ratu Kidul sing njaga katentreman lan kasuburane desa Munjungan. Ing Desa Seroja ana tradhisi slarangan sing kaujubake kanggo Lara Lungit, mbarepe Ratu Kidul. Upacara adat ing Desa Sriganggam ujube kanggo Raden Jayengbaya, putra nomer loro. Tradhisi malangan ing Desa Sarimulya ujube kagem Raden Pramuda, putra nomer telu, lan adat jarakan ing Majasanga katujokakek marang Rara Sumala, anak nomer papat saka Kanjeng Ratu Kidul.
Kabeh mau mbuktekake gedhening pengaruhe Kanjeng Ratu Kidul ing tradhisi kapercayane masyarakat Jawa.

UWAL saka sistem kapercayan kang wis lumaku, bab Kanjeng Ratu Kidul uga ana kang duwe panemu menawa iku luwih mujudake basa perlambang. Nata minangka personifikasi utawa keturunan dewa wis dadi bageyane legenda karaton wiwit kuna-kunane. Prabu Erlangga ratu Kahuripan, umpamane, dicritakake kadidene titisane Hyang Wisnu. Mangkono uga Jayabaya nata agung ing Kedhiri. Kyai Ageng Tarub cikal-bakal kang nurunake raja-raja Tanah Jawa nggarwa widadari Nawangwulan. Panembahan Senapat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar